Contoh Geguritan

esemmu kang ngujiwat

lan kumambang ing mega-mega kuwi
nalika sore sakwise udan riwis-riwis
cangkriman kang dawa
angel anggonku bakal mbatang
wis daksinaoni pirang-pirang ngelmu
rumangsa ora miguna
tansah kintir ing ilining gegambaran samar
kadya isih panjang lelaku
kanggo nyekel gumathok jawabmu



Komentar

Postingan populer dari blog ini

Substansi dan Strategi Dakwah Rasulullah Periode Makkah

Sifat-sifat Wajib Allah

Kumpulan Puisi Chairil Anwar