Contoh Geguritan
esemmu kang ngujiwat lan kumambang ing mega-mega kuwi nalika sore sakwise udan riwis-riwis cangkriman kang dawa angel anggonku bakal mbatang wis daksinaoni pirang-pirang ngelmu rumangsa ora miguna tansah kintir ing ilining gegambaran samar kadya isih panjang lelaku kanggo nyekel gumathok jawabmu